Translate

Selasa, 23 Juli 2013

PAMBAGYAHARJA

Pambagyaharja
Pidhato mono bisa dileksanakake mawa teks, kang diarani metode membaca , bisa cara ngapalake teks, bisa cara ekstemporan yaiku ngapalake bagean kang baku utawa nggawa cathetan ringks banjur ngembangake pangandhikan nalika nglaksanakake pidhato.
Sesorah iku becike kaya mangkene.
1. Isine bisa nalar, nyata, lan bener.
2. Pamilihing tembung trep, utawa cetha, basane sreg, luwes, lan becik.
3. Anggone medhar runtut sarta gambiling.
4. Lagak lageyan obah owahing pasemon, tandang graying, obahing peranganing badan liyane sarwa pantes, mrabawani, lan mranani.
5. Aja lali, kedaling lesan kang mapan, pangucaping tetembungan kang bener, laguning wicara kang nengsemake.
6. Anggone pidhato kanthi subasita lan nggatekake tata kramane basa sarta tingkah lakune.
Tuladha Atur Pambagyaharja
PAMBAGYAHARJA
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana. Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapak Santosa sekalihan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula saengga taksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika panjenenganipun Bapak Santosa sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan. Nun inggih netepi darmaning asepuh Bapak Santosa sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih namipun Rr. Sinta Arum kaleksanan dhaup kallyan Bagus Hari Laksana priya tanaya panjenenganipun Bapak Suseno sekalihan ingkang pidalem ing Sragen ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun.
Bapak Santosa (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang kaesthi.
Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung - langkung para warga RT 04 ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bapak Santosa (ingkang mengku gati) mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.
Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bapak Santosa sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya.
Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bapak Santosa sekalihan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.
Akhirul kalam Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

SESORAH

SESORAH
Sesorah utawa pidhato iku njentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Sesorah utawa pidhato kang apik yakuwi kang ana bagean-bagean, kayata: uluk salam, pambuka, isi, lan panutup. Pambuka sesorah utawa pidhato iku ana werna-werna, bisa dipilih kang cocog karo kabisaane, tujuane, topike, pamirenge, lan kaanane.
Ancasipun tanggap wacana/khotbat/sambutan yaiku :
1. Maringi katrangan ngenani babagan tartamtu,
2. Maringi raos panglipur,
3. Mrebawa / nggerpol pamireng supados nindakaken kados ingkang dipunkersakake pamwacana.
Kang ora kena ditindakake nalika sesorah, yaiku :
1. Ngadeg tanpa nggatekake papan panggonan,
2. Ngadeg kanthi lendhehan podium,
3. Ngadeg kaku utawa utawa kosok baline loyo ora ana greget,
4. Ngadeg kanthi sikil kang rapet, utawa kosok baline kanthi mbegagah,
5. Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji,
6. Slaga kang digawe,
7. Ngguyu kanthi digawe-gawe,
8. Mbesengut,
9. Gugup,
10. Ndhingkluk utawa kosok baline tansah tumenga,
11. Ngobahake awak kanthi ora trep karo kang digunem,
12. Kukur-kukur,
13. Nglebokake tangan ing sak clana,
14. Ora nggatekake kang diajak guneman.
Runtuting sajrone damel tanggap wacana
1. Salam pambuka
2. Purwakaning atur panuwun
3. Dudutan / simpulan
4. Pangarep – arep
5. Wasana ( panutup)
Tuladha Sesorah:
Pamitan
Assalamualaikum wr.wb
Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMA Negeri 1 Buluspesantren kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.
Media/ Sumber Pembelajaran
Kabeh Bisa Basa Jawa XI

DOA RABITAH

DOA RABITAH
Sesungguhnya engkau tahu
Bahwa hati ini telah terpadu
Berhimpun dalam naungan cintaMu
Bertemu dalam ketaatan
Bersatu dalam perjuangan
Menegakkan syariat dalam kehidupan
Kuatkanlah ikatannya
Kekalkanlah cintanya
Tunjukilah jalan-jalannya
Terangilah dengan cahayaMu
Yang tiada pernah padam
Ya Robbbi bimbinglah kami
Lapangkanlah dada kami
Dengan karunia iman
Dan indahnya tawakal padaMu
Hidupkan dengan ma’rifatMu
Matikan dalam syahid di jalanMu
Engkaulah pelindung dan pembela

Minggu, 10 Februari 2013

Karyaku

Karyaku dalam buku antologi Putrie Ve (Mukhrisotun Khasanah) Antologi pertamaku, salah satu puisiku ada disini.
Telah Terbit!! Judul: Untuk Para Sahabatku --Cirebon : Goresan Pena Publishing, 2012 108 hlm. ; 13 x 19 cm ... Copyright © 2012 by Davas and Friends Penulis : Davas and Friends Editor : Davas Setting dan Layout : Goresan Pena Publishing Desain Sampul : Davas ISBN : 978-927-4598-18-5 Harga Normal : Rp. 31.000 (belum ongkir) Harga untuk Kontributor : Rp. 28.000 (belum ongkir) Untuk pemesanan silakan ketik: UPS_NAMA_ALAMAT_JUMLAH kirim ke 085 221 422 416 *** Tiga tahun perjalanan kita Bersama dalam segala rasa Biarlah kutetap mengingatnya Walau mungkin kita tak bersama Kita telah melewati segalanya Dalam suka dan duka Kita telah berjuang bersama Namun akhir dari segalanya kan tiba... [Cuplikan Puisi “Untuk Para Sahabatku”] My Friends: Asni A.S | Askar Marlindo | Gengtik Gramar K. | Syiwa | Sandi Iswahyudi | Ahmad Fauzi Maulana | Reyhan M. Abdurrohman | Dewi Starlife | Is Susanti | Saidha Asyiffa | Hady Kristian | Hikmatul | Syifa Yulia | Ariny N. H | Titi Haryati Abbas | Yuni Indasari | Umi Sasya | Andalusiana Cordoba | Lulu Ainun Hikmah | Muhammad Rifqi Saifudin | Fuatuttaqwiyah El-Adiba | Munic Talova Bhakti | Bondan Al-Bakasiy | Iisra Darmawati | Marjan Anura | Hesti Sartika | Mawar Rovita Sari | Aldy Istanzia Wiguna | Fatikhatus Dwi Marfuah | Aliyah Mohamad Pahli | Noey Ismii | Sri Ike Dian Puspitasari | Nur Khofifah Bahru | Khaulah Naqiyyah Farhana | Anna Lulus | Lissa Alissa | Navisatul Izzah | Yuphe Himura | NuraRisala Kerinduan | Tiara Nurbaiti | DP Anggi | Yumeina Ryuri | Yanfa An Nury | Ahmad Syair Hidayat | Hamdi Alfansuri | Gemintang Halimatussa’diah | Chie Chera | Zulzilah Art | Putrie Ve | Rahel Simbolon | Rara | Ismii Dindaa | Riyan Pradesyah | Naelil | Hamda Alfansuri | Wahyu Khasyu | Achmad A. Arifin | Atty Malula | Dwi Cahya Ningsih | Zahara Putri | Oni Nurhayati | Anisa Alfi Nur Fadilah | Rini Handayani | Tomy M. Saragih | Andik Chefasa | Al-Haya Haurah | Arini Suastika | Nay Riskara | Arifa Rahma | Ayu Pardede | Dartia Utari | Husein | Mulyoto M | Fath WS | Rara Siah | Nira Kunea | Cantika Diptra | Antologi ke 2ku
Salah satu puisiku ada disini. Judul : Saksi Bisu Cinta Penulis : Marjan Anura Penerbit : deKa Publishing ISBN 978-602-17198-8-6 Tebal : xv+258 hlm.; 14 x 20,7 cm Harga : Rp. 46.000,- (belum termasuk ongkir) Harga kontributor 100 puisi titipan : Rp. 42.000,- (belum termasuk ongkir) Saksi Bisu Cinta -100 puisi ungkapan hati & titipan dari kawan- Cinta menyimpan seribu misteri. Cinta memang kadang tak dapat diungkap secara lisan. Baik itu cinta kepada Tuhan, orang tua, sahabat, kekasih dan orang-orang di sekitar kita. Cinta hanya bisa diungkap dalam sebuah goresan pena. Dirangkai dengan diksi yang indah menjadi sebuah puisi sebagai saksi bisu cinta dalam kehidupan. Antologi puisi ini berisi 100 puisi ungkapan hati dan sebagai pelengkap isi dari buku ini. Marjan Anura menambahkan 100 puisi titipan dari beberapa penyair sebagai titipan dari kawan. Setiap penyair masing-masing mengungkapkan secara beragam dan berwarna. Ada yang berbicara tentang cinta, agama, politik, sosial dan kehidupan di sekitar kita. Semoga antologi puisi ini turut serta mewarnai dunia kepenyairan di Indonesia dan dapat memahami arti cinta yang sebenarnya. *** [CARA PEMESANAN] Ketik SMS : # Puisi SBC # Nama penerima : Alamat lengkap : Kodepos : Jumlah : No. HP : Kirim ke 083879804181 atau inbox DeKa Publisher atau invite pin BB 31577AE8 :) Kami akan mengirimkan total yang harus dibayar serta pemberitahuan nomor rekening. Walaupun masih kuliah tapi aku ingin MANDIRI. dan memiliki tabungan Mandiri untuk masa depanku nanati.