Translate

Selasa, 23 Juli 2013

SESORAH

SESORAH
Sesorah utawa pidhato iku njentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Sesorah utawa pidhato kang apik yakuwi kang ana bagean-bagean, kayata: uluk salam, pambuka, isi, lan panutup. Pambuka sesorah utawa pidhato iku ana werna-werna, bisa dipilih kang cocog karo kabisaane, tujuane, topike, pamirenge, lan kaanane.
Ancasipun tanggap wacana/khotbat/sambutan yaiku :
1. Maringi katrangan ngenani babagan tartamtu,
2. Maringi raos panglipur,
3. Mrebawa / nggerpol pamireng supados nindakaken kados ingkang dipunkersakake pamwacana.
Kang ora kena ditindakake nalika sesorah, yaiku :
1. Ngadeg tanpa nggatekake papan panggonan,
2. Ngadeg kanthi lendhehan podium,
3. Ngadeg kaku utawa utawa kosok baline loyo ora ana greget,
4. Ngadeg kanthi sikil kang rapet, utawa kosok baline kanthi mbegagah,
5. Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji,
6. Slaga kang digawe,
7. Ngguyu kanthi digawe-gawe,
8. Mbesengut,
9. Gugup,
10. Ndhingkluk utawa kosok baline tansah tumenga,
11. Ngobahake awak kanthi ora trep karo kang digunem,
12. Kukur-kukur,
13. Nglebokake tangan ing sak clana,
14. Ora nggatekake kang diajak guneman.
Runtuting sajrone damel tanggap wacana
1. Salam pambuka
2. Purwakaning atur panuwun
3. Dudutan / simpulan
4. Pangarep – arep
5. Wasana ( panutup)
Tuladha Sesorah:
Pamitan
Assalamualaikum wr.wb
Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMA Negeri 1 Buluspesantren kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.
Media/ Sumber Pembelajaran
Kabeh Bisa Basa Jawa XI

Tidak ada komentar: