Translate

Minggu, 13 Mei 2012

Kembang Desa

Ing sawijining desa ana putri kang ayu rupane, arane Putri Vega. Iki arane dudu jeneng asline loh. Jeneng asline yaiku Widia Angggun Casmi binti Suseno, binti maksude anake Bapak Suseno dudu jenenge, ndak kedawan kaya sepur. Padha ngerti ora nangapa diarani Putri Vega?. Merga dheke ora seneng yen diceluk Widia, jarene feminim banget, ora kaya sing duwe jeneng. Lha nek diceluk Anggun utawa Casmi ya padha wae, tur kuwi jenenge penyanyi papan nduwur ing Negara Kesatuan Republik Indonesi utawa NKRI. Yen Putri Vega iku jare ngepas banget jenenge karo awake. Merga Putri kuwi wadon, lan Vega kuwi jeneng sawijining lintang ing jagad raya. Sanajan wong tuwane Vega pegawe tapi duwe sawah, dadi Vega kerep saba nang sawah, ups mbantu-mbantu nang sawah maksude. Ing sawijining dina arep meng sawah Vega ketemu Aji, kancane wiwit cilik. Sejatine Aji seneng karo Vega, nanging rikuh arep ngomong. Aji:“Cah ayu badhe tindak pundi, dhewekan apa ora wedi, timbang nganggur aku gelem ngancani!” Vega:”kebetulan mas, aku arep meng sawah, tulung dipaculna sawahe!” Aji:”tahun 2012 macul?, sing bener wae traktor ya akeh!” Vega:”ngomong wae yen ora gelem, aku janne ya ethok-ethok!” Aji:”Siki aku gelem lah!” Vega:”telat ngomonge saiki, mulane nek ana apa-apa takon dhisik, jare malu bertanya sesat dijalan, tapi nek kakehen takon ya ngisin-ngisinna!” Aji:”Nggih bu guru!” Vega:”aja bu gurulah, bu guru kan ibuku, bu bidan wae !” Aji:”ngenyang kaya tuku Lombok, melas bakule hehehe, iya-iya bu bidan” Vega:”bagus, masalahe setahun maning yen wis lulus SMA, insyaAllah aku arep kuliah kebidanan” Putri Vega ora gelem diceluk nganggo jeneng asline kamangka dheke rada tomboy sethithik. Merga dheke seneng olah raga beladiri, tur dheke anak mbarep kang duwe adhi siji pada wae wadon.dheke mikir sapa sing arep nglindungi adhine yen udu mbakyune. Wong tuwa lorone sibuk kerja. Dadi Vega uripe ora kurang, kena diomong uripe kecukupan. Nanging Vega tetep sederhana lan ora gengsi yen meng sawah, ora mandeng wong saka bandhane, ora kaya kanca-kancane
Putri nang ngumah lagi masak karo adhine, ujug-ujug kancane teka yaiku: Aji, Rita, lan Fajar / pacare Rita. Rita:"Ga dolan yuh, aku boncengan karo masku, kowe karo Aji!” Vega:”ora weruh apa aku gi masak!” Aji:”ya bar masak, tak enteni!” Rita:”gelem ya!” Vega:”nek aku lunga adhiku karo sapa?, ulih melu ra?” Adhine:”mba, adhe melu !” Fajar:”ya ora isa motor siji dinggo wong telu, arep ketilang polisi pa?” Vega:”ya wis nek ora bisa aku ora melu, aku tesih abot meng adhiku timbang kowe!” Aji:”Yen kowe ora melu aku ya ora melu!” Rita:”ya wis aku karo Fajar wae, Ga ne kana wektu sela dolan ngumahku ya?” Vega:”iya InsyaAlah” Merga saking sayange Putri Vega marang adhine lewih milih ngancani adhine nang ngumah daripada lunga karo kanca-kancane. Tapi Vega bosen nang ngumah wae, dheke ngajak adhine meng sawah. Nang ndalan Vega ketemu Aji lan ibune, merga dalan sing nggo meng sawah nglewati umahe Aji. Aji:”Putri Vega cah ayu, kembang desa mesti arep meng sawah ya ta?” Vega:”ngerti wae mas Aji sing gagah!” Aji:”ndingaren ngalem!” Vega:”men seneng, jare nyenengake wong pahala!” Aji:”Ga, sanajan sekolahe prei, tapi ya ora kudu meng sawah saben dina, sinau—sinau nang ngumah ngesuk wis kelas 3, tugen ujian!” Vega:”justru mumpung agi prei aku meng sawah!” Ibune Aji:”mba Vega bener Ji, yen sekolahe mlebu ora isa meng sawah, merga nggarap tugas, ya ta?” Vega:”inggih bu,” Aji:”ngapa sih kowe meng sawah, wong tuwamu kan kerja nggo makani kowe, apa ora isin yen kancane ngesuk takon preinan meng ndi wae?” Vega:”nggo ngapa isin? lha wong sing dipangan saben dina ya sega, sega asale saka beras, beras saka pari, pari nang sawah” Ibune Aji:”bener kuwi mba Vega, mulane Ji sesuk golek bojo sing kaya mba Vega, ayu, ora sombong, sederhana, lan gelem dijak rekasa!” Aji:”nggih bu, deneng dadi mbelani Vega. Jare arep meng sawah, nganah lung ambo banyune selak sat” Vega:”oh ya, nderek langkung bu”

Tidak ada komentar: