Translate

Minggu, 13 Mei 2012

Urip Ora Mung Nrima Ing Pandum

Urip ora mung waton nrima ing pandum. Urip nang ndesa ko mung nrima dadi buruh tani utawa kuli bangunan yen ana tanggane sing mbangun omah. Sanajan dadi wong jawa aja mung nrima ing pandum. Apaning kita wong muslim. Pemudha desa Jono lan Santo agi ngembung babagan nasibe kang ora mujur alias malang. Wah yen ngomong Malang dadi kelingan karo pakdheku sing ulih wong malang. Nanging uripe ko serba kecukupan ora kaya jeneng kabupatenne. Jono:”To, Santo jemuah wingi ngrungokake khotbahe pakyai Saefudin ora?” Santo:”ya ngrungokna, lha nangapa sih?” Jono:”wingi pakyai ngendika yen nasibe uwong kuwi isa diubah, janne aku pengin ngrubah nasibku sing kurang beja, ning kepriye carane ya?” Santo:”pengin ngrubah nasib ta, ya gampang kuwi, dhewe nyambutgawe sing sregep ditambah donga. Wingi krungu mbok pakyai macakna Al Quran surat Ar Rad ayat :11 sing artine yen ora salah “Gusti Allah ora bakal ngrubah nasib suatu kaum, saingga kaum kaum kuwi ngrubah dhewe” Yen di basa inggriske ‘Verily, Allah will not change the condition of a certain people as long as they do not change their state themselves’’. Jono:”ora usah nganggo basa inggris, wurunga aku ora mudeng” Santo:”ya ora papa, ngesuk nang kuburan ya ora ditakoni bisa basa inggris apa ora?” Jono:”nyindir kiye!” Santo:”aja nesu Kang, cepet tuwa loh, nanging ana takdir sing ora bisa diowah yaiku jodho lan mati” Jono:”ora nesu, aku siki malah mikir ngesuk aku arep nyambut gawe sing sregep karo ndonga ben uripku rada maju sithik!” Santo:”nyambut gawe sing sregep, dhuwite dikumpulna kanggo mbojo!” Jono:”kanggo ngapa wae sing penting manfangat kanggo uripku!” Santo:”ya apik kuwi!” Wis watara sewulan mangsa tandur rampung,. Jono saiki nganggur merga wis ora ana wong sing prentah meng sawah. Jono bingung lontang lantung ngalor ngidul ngubengi umah. Arep macul karangan pinggir umah wis udu duwekke. Akhire joko lunga menyang umahe Santo. Jono:”To, kaya kiye arep macul ora ana sing dipacul, ngapa ya?” Santo:”ngrewangi aku wae ndandani tivi utawa nyervis tivi!” Jono:”aku ora ngerti masalah kaya kuwi!” Santo:”tenang wae, yen gelem sinau mesti bisa, aku biyen ya ora bisa” Jono:”Iya sih, ya wis aku sinau karo kowe ya, nanging aku uga kepengin kursus njait, kayane desane dhewek sing njait mung wong siji” Santo:”apik kuwi, isuk kursus njait, sorene latian nyervis tivi, sanajan latian mengko ana upahe tenang wae!” Jono:”To, maturnuwun banget aku wis ditulung!” Santo:”padha-padha, urip iki kan kudu tulung-tinulung!” Jono sing maune bingung arep nyambut gawe apa?, saiki malah kakehen gawean merga nrima servis tivi uga nrima jaitan saka tangga-tanggane. Jono sajanne ora pinter merga gelem sinau dheweke saiki bisa ulih kasil kang lumayan. Jono sadar yen ora ana Santo ora bakal bisa sukses kaya saiki. Dheweke ora bakal nglalekake kancane sing apikan banget yakuwi Santo. Sanajan Santo saiki wis lunga adoh nanging tetep kelingan.

Tidak ada komentar: