Translate

Minggu, 13 Mei 2012

Abu Hasan

Abu Hasan
Abu Hasan iki urip nang desa nalika pemerintahane SBY, dudu Surabaya nanging Susilo Bambang Yudhoyono. Ora kaya Abu Nawas kang urip jaman pemerintahane Raja Harun Al Rasyid. Sanajan jenenge pada wae Abu, nanging apa pintere padha?, ya jelas ora. Abu Hasan yen kon ngomong kanggo basane Abu Nawas urung mesti bisa, apamaneh Abu Nawas yen kon ngomong nganggo basa jawa, pulo jawa wae urung karuwan ngerti ko. Dadi kabeh wong duwe kurang lan lewihe dhewe-dhewe. Kaya Abu Nawas pinter, lucu, nanging nakal. Yen Abu Hasan dek biyen tesih sekolah pinter pelajaran matematika. Nanging sanajan saiki wis ora sekolah dheweke tesih pinter itung-itungan. Sing jelas pinter ngitung dhuwit. Abu Hasan iki pemudha kang ora nerusna kuliah, dheweke mung tamat SMA merga wong tuwane ora duwe ragad kanggo nguliahke. Abu Hasan iki bocah mbarep, adhine loro wadon kabeh. Dadi sanajan rupane ora bagus utawa rada ala sethithik, nanging nang ngumah tetep paling gagah, ya jelas lha wong adhine wadon kabeh. Setamat SMA Abu Hasan kursus njait. Dadi saiki nyambut gawene sedina-dina njait. Yen mangsane meng sawah, njaite liren. Dheweke melu ngrewangi wong tuwane nang sawah. Janne yen dipikir-pikir meng sawah kuwi luwih kasil timbang njait, nanging meng sawah kuwi kanggo mangsa, mangsa panen lan mangsa tandur. Sanajan ora kuliah, Abu Hasan ora kalah karo bocah kuliahan. Saben ana acara pengetan dina-dina riyaya ing masjid, dheweke aktif dadi panitia, kadhang malah dadi pranatacara. Bocah kuliahan urung mesti wani tampil nang ngarep umum. Iki merga dheweke ora isinan lan akeh omonge. Jare kuncine kekancan kuwi akeh omong, mula Abu Hasan kancane akeh. Ora mung kanca sekolah sing sebaya, nanging sing lewih tuwa ya akeh. Yen kekancan mung meneng wae anteng ya kancane mesti sithik. Abu Hasan iki janne bocahe ora lucu, mung seneng guyon. Aja tersinggunggung yen omongane Abu Hasan kadang nyleneh, asal metu, ora dipikir disit. Kaya guneman ing ngisor iki: Abu:”Bet, kowe deneng meneng wae, apa agi mogok ngomong?” Beti:”Ora, aku meneng merga aku mikir!” Abu:”Mikir apa?, mikirna aku yah?” Beti:”Iya kiye, aku pengin ngerti biyen mbokmu pas ngandut kowe ngidam apa sih?, bocah lanang ko crewette ngungkuli cah wadon.” Abu:”yen masalah kuwi aja takon aku, takokna mbokku langsung. Yen bocah lanang sing biasa menengan, berarti aku cah lanang luar biasa. Aku kepengin beda karo liyane, ora kabeh bocah lanang meneng, anteng ta?” Beti:”Ya ora sih, tapi jare pepatah ‘diam itu emas’ mendhing kowe meneng wae!” Abu:”Pepatah kuwi kan bahasa Indonesia, yen basa jawa dudu pepatah nanging petugel, ‘meneng kuwi emas’, emas kuwi kuning, kuning kuwi sing nang kakus!” Beti:”hih jijihilah, liyane ana apa nora?” Abu:”Kakus sing nang padang pasir?” Beti:”Kuwi Kaktus!” Abu:”Kaktus kuwi mbok godhong sing tesih enom, nembe metu?” Beti:”kuwi pupus!” Abu:”Pupus mbo yen masak kanggo tungku, metu kebul-kebulle?” Beti:”kuwi kukus, wislah ngomong karo kowe ora ana rampunge!” Abu:”uwis ya nganah mulih, aku ya bosen ngomong karo kowe wae!”
Merga sregep nyambut gawe, saiki Abu Hasan wis bisa tuku pit montor. Kepengin pit motore bisa manfangat kanggo wong liya, dheweke yen wengi kinten-kinten jam 3 metu karo numpak motor ngubengi umah-umahe tanggane, lan gas montore diserukaken. Tanggane padha tangi lan jengkel merga turune kaganggu. Isuke padha nemoni Abu Hasan. Tangga1:”Abu, yen lunga wengi aja numpak montor, numpak kapal wae, brisiki tanggane!” Tangga2:”jan-janne kowe jam 3 numpak montor arep meng ngendi?” Tangga3:”dhasar bocah kurang ajar, wayahe turu malah brisiki tanggane, dadi ora bisa turu maning koh!” Abu :”Alhamdulilah yen padha wungu, shalat tahajud aja kelalen ndongakake sing wis nggugah!” Tangga1:”semprul, aku ya bisa tangi dhewe, ora mawi digugah kowe. Wis mengko mbengi ora usah metu-metu nang ngumah wae shalat tahajud, tanggane didongakake dadi wong sugih!” Abu :”didonga-dongakake yen ora nyambut gawe ya pada wae, ya wis mengko bengi ora numpak motor, nanging panjenengan sedaya yen jam 3 kudu wis tangi, shalat tahajud!” Tangga2:”wis tenang wae, aku biyen ya pondokan. Ora mawi diprentah kowe aku wis biasane shalat wengi!” Wengine Abu metu ngumah ora numpak pit montore, nanging numpak sandal jepit. Dheweke patroli mbok-mbok ana umah sing kamar mandine sepi. Jebulle kamar mandi tangga-tanggane tesih pada sepi, kenthongan sing dicekel kawit mau ditabuh kanthi banter. Wong-wong sing pada krungu tangi gedindapan, kecaba sing ora tangi. Wong-wong pada metu saka umahe dhewek-dhewek, bingung umahe sapa sing kebakaran. ”umahe sapa sing kebakaran” tangga-tanggane padha takon. “alhamdulilah wis padha tangi, ora ana kebakaran yu, kang, aku mung rondha” Abu Hasan mangsuli. “Rondha ko malah gawe wong saRT tangi kabeh kecaba sing turu,” Ngapunten yu, kang, saiki mlebu ngumah maning padha wudlu teras shalat tahajud, aja kelalen ndongakake sing wis nggugah” “aku ora digugah kowe ya bisa tangi dhewe, sesuk neh ora usah gugah-gugah wong saRT brisikki” “Ya wis , sesuk aku ora gugah-gugah nanging sarate kudu tangi shalat tahajud” Pungkasane Abu ora gugah-gugah tanggane maneh. Tanggane bisa turu kepenak, nanging yen wektune shalat do tangi. Dheweke paling saiki yen weruh umah sing tesih sepi, lawange didhodhog ben sing duwe umah krungu banjur tangi.

Tidak ada komentar: